Aku kelingan panjenegan
Amarga dudu geni arane
Yen ubale ora ngobori lakuku
Minyak pepetenging kaweruh
Cubluk ngelakoni kang sarwa ora gathuk
Tumrap pitutur , nalika kudu digugu
Tumrap piluwang , nalika kudu ditiru
Wengi kuwi ketemuku
Ana satengahing sujud
Nanging , apa panjenengan
Ya tansah ngelingi aku
Amarga dudu geni arane
Yen ubale ora diparengake
Ngobori lakuku
oleh : Putri Farah Anjarsari
Minggu, 25 April 2010
Sabtu, 24 April 2010
SUKMA LELANA GUGAT
Angin kang mabur kekiteran ing dhuwur samodra
Sasat tanpa leren ngobahake banyu
Iwak gedhe iwak cilik padha gumregah
Jumedhul sakdhuwure ombak
Ilang swara mlebu ing akasa
Prau-prau lelangen
Ngoyak playune angen-angen
Kanthi jala lan jaring saka sutra obor thathit
Lan lintang sambung sinambung ing wewangunan jagad tepake isih katon cetha
by: budhisetyawan on: Januari 9, 2008
Siji Suro
wit-witan jumedhul saka ngakasa
maneka warna godhong lan woh-wohane
kebak aksara kang wis katulis bisa diwaca lan ora bisa diwaca
kadhang katon kadhang ora gumantung padhanging netra
banyu segara malih dadi seksi
kanthi cahya kang madhangi kitab
adammakna tan ana kang keri tan ana kang keliwatan kacathet
nora bakal ilang
by: budhisetyawan on: Januari 25, 2008
Langganan:
Komentar (Atom)